Minggu, 15 Mei 2016

Artikel Tradisi Wiwitan

Prakata: Jadi artikel ini dibuat pas aku kelas 11, untuk tugas Bahasa Jawa Bu Iswati hehehe. Pasti banyak salah dan kurang dalam materi maupun bahasa. Mohon maaf tapi semoga manfaat. Cukup read, like, lalu komentar dan jangan lupa mengamini doa semoga Allah mengabulkan doa-doa saya (Nanda Enun) hehehehe...



TRADHISI WIWITAN

"Mencintai budaya bangsa adalah wujud nyata manifestasi rasa cinta tanah air Indonesia."
(pict source: killdblog.files.wordpress.com)



A.   Pambuka
Tanah Jawi dados pulau ingkang paling madhet pendudukipun lantaran tanahipun kang subur, kondhang dados salah satunggaling sentra produksi pantun utawi uwos. Wonten ing tengah masyarakat Jawi, pantun menika dipundadosaken dhaharan pokok utawi utami lan simbol ingkang nglambangaken kamakmuran.  Rikala semanten, dhaharan pokok kadosta jagung, tela, ubi lan sapiturutipun inggih menika namung kagem rakyat alit. Dene sekul menika kalebet hidangan ingkang  “istimewa”.
Kagem masyarakat Jawi kados daerah istimewa Yogyakarta, pantun menika tanaman ingkang dados panguripan utami para petani. Petani Jawi khususipun ingkang nanem pantun sami andadosaken taneman pantun sumbering rejeki.
Kagem mujudaken raos syukur dhumateng Alloh Gusti ingkang Maha Mirah, sakderengipun panen pantun lan panyuwun supados panen punika sageta kasil, wonten satunggaling tradisi kang dipunsebat tradisi  Wiwit utawi Wiwitan.
B.   Tegesipun Wiwit
Wiwit yaiku tradisi para leluhur keluarga petani, ingkang dipunlaksanakaken sakderengipun panen utawi wonten ing awal musim panen pantun. Menawi dipuntingali saking etimologisipun, wiwit menika tegesipun nglekasi, yaiku nglekasi panen. Dipunsebat ‘wiwitan’ amergi tegesipun ‘wiwit’ yaiku ‘lekas.’
Sejatinipun wiwit nggadahi teges pandonga lan raos syukur dhumateng limpahan panen ingkang sampun dipunanugerahaken Gusti Allah Sang Rabbi Illahi (SRI). Saking sosiologisipun, prosesi wiwit punika ugi wonten interaksi sosialipun. Wiwit inggih menika simbol utawi pralambang kagem hubungan kang harmonis utawi tentrem antawisipun para petani. Dewi Sri (Sinansari) iku piyambak yaiku tokoh wonten ing agami arupi taneman pantun/ uwos, lajeng dipunkenal kaliyan Dewi Padi. Mila mboten gumun yen wonten satunggaling varietas pantun, kanthi merk, label usaha penggilingan pantun sarta  toko Sembako “ SRI” utawi “Dewi Sri”. SRI piyambak punika ugi saged dipunarani kaliyan “Sang Rabbi Illahi”, saengga niat  badhe mujudaken syukur punika sageta lempeng, namung kagem Tuhan Ingkang Maha Kuwaos. Ingkang dipunsebat bumi yaiku sedherek sikep kagem para tiyang  Jawi, amargi bumi sampun dipunanggep sedherekipun tiyang (manungsa) ingkang kedah  dipunhormati lan dipunjagi kalestarianipun.
C.   Ubarampe Wonten ing Wiwitan
Wiwit inggih tradisi petani ingkang dipunlaksananaken sakderengipun panen, yaiku nalika ulir pantun menika sampun mekatak. Wonten ing tradisi wiwit wonten ubarampe ( perlengkapan ) ingkang kedah dipunsiapaken (ugi dipunsebat sajen). Sajen yaiku sarana ingkang dipunginakaken kagem wujud panyuwunan dhumateng Ingkang Maha Mirah lan Welas Asih Gusti Ingkang Maha Kuwaos. Miturut  R.Suwardanijaya (2009), kagem kita para makhluk ingkang  iman dhumateng Allah, sejatinipun wonten  timbal balik antawisipun Kula  (Aku, manungsa), Alam Donya, lan Allah. Lajeng dipunwujudaken kaliyan masyarakat Jawi ngagem sarana sajen kasebut. Saengga, tiyang-tiyang sami ngathahi anggenipun sesaji. Sesaji ugi nggadahi teges panyuwunan supados menapa ingkang sampun dipungadhang sageta kasil lancer tebeh saking rubeda menapa kemawon. 
Dene sajen menika ubarampenipun antawisipun :
1.   Sekul Gudhangan Bumbu Megono 
Sekul dipuncampur gudhangan bumbu megono (campuran sayur- sayuran rebus). Sayur- sayuranipun menika  kacang panjang, wortel, kubis, bayem, kangkung lan tauge. Dene bumbu megono menika saking parutan klapa muda, cabe, brambit, bawang, sarem, terese (petai lan rese), lan sekedhik gendhis, sarta gereh/teri. Bumbu – bumbu kasebat dipunkalisaken, lajeng dipunwungkus ngagem ujungan pisang lan  dipunkukus. Saksampunipun dipunkukus, lajeng diparingi sayur-sayuran kewau. Gudhang inggih menika papan kagem nyimpen maneka warni barang, saengga amergi kathah  sayur lan bumbu ingkang dipuncampur, lajeng dipunsebat gudhangan.  Anggenipun damel gudhangan menika wonten sekul ingkang dipuncetak dados tumpeng / gunungan. Tumpeng nggadahi teges tumekaning penggayuh, yaiku gegayuhan ingkang badhe dipungayuh. Tumpeng wujudipun kerucut / piramida, kaliyan puncak/pucuk kadosta gunung. Ingkang neges gegayuhan ingkang inggil.
2.   Laukipun, yaiku tigan rebus lan gereh utawi teri. 
Sekul gudhangan lan lauk dipunparingaken wonten ing besi/bejana. Lajeng dipuntutupi ujungan pisang.   
3.   Sambel Gepeng 
Yaiku campuran kacang tholo (kacang taneman lembayung) ingkang dipungoreng, lajeng dipunkalisaken bebarengan kaliyan kencur lan gendhis Jawi sekedhik. Sambel Gepeng dipunparingaken wonten ing suru ingkang dipundamel saking ujungan pisang.  
4.   Ubarampe sanesipun 
Yaiku dedak utawi katul, cabe, brambit, dan bawang, sarta arto receh ingkang dipunparingaken wonten ing bathok ( tempurung klapa).   
5.   Keris ingkang kadamel saking  cabe abrit ageng, bawang, tigan rebus.
Bahan – bahan kasebat dipuntusuk ngginakaken lidi/biting lan dipunsusun saengga  wujudipun kadosta keris. 
6.   Ujungan 
Yaiku ujungan pulutan, ujungan turi, janur kuning ( daun klapa), ujungan salak, lan ujungan dadap srep ingkang dipundadosaken setunggal. 
7.   Jadah jenang ( jajanan saking ketan).  
8.   Sekar setaman ( mawar abrit, mawar pethak, kenanga, mlathi, lan kanthil)  
9.   Kemenyan, cempol, lan korek api.  
10.       Toya dadap srep ingkang dipunparingaken kendhi.  
Kagem saben plungguh (Kas Desa/Kelurahan) dipun tambahi kaliyan tukon peken yaiku buah- buahan kadostal pisang, jambu, salak utawi sanesipun lan jajanan sanes-sanes. Sekul ugi dipuntambah sekul gurih lan ingkung. Wonten ing sekar setaman dipuntambah injet. Wiwit dipunselenggaraken ndungkap panen wonten ing sonten dinten. 
D.   Urutanipun Upacara Wiwitan 
 Ubarampe ingkang sampun dipunsiapaken dibeta dhateng  saben. Rombongan keluarga petani lan para lare alit sami ndherek. Papanipun inggih punika wonten ing galengan. Wonten taneman pantun ingkang dipunbikak kagem maringaken ubarampenipun lan wonten ingkang dipundadosaken setunggal. Wonten mriki wonten tradisi kenduri nanging naming alit mawon. Kenduri dipunartosaken “kekendelan ingkang dipunudhari”. Ingkang kagungan saben lenggah kanthi sila utawi lenggah kenduri sinambi ndedonga. Lajeng dipunpanjataken donga utawi mantra. Ingkang dipuniringi kemenyan ing dipuncaosaken wonten ing nginggil sabut klapa.    
Dene mantranipun : 
“Amit pasang paliman tabik, Ilo-ilo dino linepatno saking siku Gusti kang hakaryo bhawono Danyang Sri Semara Bumi kang mbaureksi sabin … ( saben utawi desa) Mbok Dewi Sri pepitu, Kang lumpuh gendongen, kang wuto tuntunen, kulo aturi nglempak saklebeting sabin, ingak sampun kulo ancer-anceri sak pucuking blarak. Sak sampunipun nglempak, kulo caosi daharan ngabekti; sekul petak gandha arum, gereh pethek sambel gepeng, untub-untub lan sak panunggalanipun. Gandeng anggen kulo titip wiji gugut sewu, wonten ing tegal kabenteran sampun wancinipun sepuh, badhe kulo boyong wonten soko domas bale kencono. Kaki markukuhan, Nyai markukuhan, kukuhana kang dadi rejekiku. Nyai pakeh lan kaki Pakeh, akehono kang dadi rejekiku, yen ana kekurangane, tukuo neng pasar dieng, lan seksenono ing dino … (dinten) punika.” 
Kemenyan temtukemawon dipunarani urutaning prosesi wonten ing wiwit punika. Anggenipun nglaksanaken “ritual” iku kedah saged nglempengaken niat menawi kemenyan mboten dipunkarepaken dhateng arwah/ danyang ingkang mbaurekso saben kasebat ( atau Dewi Sri). ananging wujud wewangian kagem nambah nilai kasakralan wonten tradisi wiwit lan satunggaling barang kang wangi temtukemawon resep raosipun. Dene wonten ing  mantra kasebut dipunsebataken tembung “danyang” ananging mboten neges ingkang kasunyatanipun. Wonten ing pitutur agami, temtukemawon kita mboten dipunangsalaken nyenyuwun dhateng sanesipun kajaba Tuhan Ingkang Maha Esa. 
Lajeng taneman pantun disiram kaliyan toya kendhi ingkang dipuncampur ujungan dadap srep kagem simbol  katentreman saksampunipun wekdal ingkang dangu anggenipun nanem pantun. Rep kedhep dadap sirep. Ugi nyebaraken hidangan wonten saben (sekedhik mawon). Lan sanesipun dipunpincuk ngagem daun pisang kathahipun sekawan. Wungkusan ingkang cacahipun sekawan iku nggadahi simbol kiblat sekawan setunggal pancer; kakang kawah, adi ari-ari, rah, lan puser, kang nyawiji dados setunggal. Saksampunipun iku, pantun dipunpotong ngagem ani-ani  (mboten sedaya) lan dipunbeta kondur. Sekul gudhangan lan sanenesipun dipundhahar kaliyan sedanten rombongan. 
E.    Panutup 
Budi pakerti ing wonten ing tradisi wiwit.  Budi pakerti ingkang saged dipuntuladhani yaiku wujud kakeluargan, gotong royong, lan eling dhumateng Allah ingkang sampun paring maneka kanikmatan. Wujud sedekah, dene temtukemawon sedekah kanthi wiwit menika satunggaling amalan sinambi nglestantunaken kabudayan Jawi.

RCL YUKKKK!!! :) 

2 komentar: